Kamis, 29 April 2010

y7Ï9ºsŒ Ü=»tGÅ6ø9$# Ÿw |=÷ƒu ¡ ÏmÏù ¡ Wèd z`ŠÉ)­FßJù=Ïj9

Kitab Al-Quran iki ora ndadekake ragu marang isine, kanggo pituduh wong kang takwa. (Al Baqarah 002:02)

!$¯RÎ) çm»oYø9tRr& $ºRºuäöè% $wŠÎ/ttã öNä3¯=yè©9 šcqè=É)÷ès?

Sejatine Aku udunke awujut Al Quran kanti basa Arab, supaya bisa mbokmangerteni (Yusuf 012:02)


Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Kawula pensiunan PNS, ing pungkasaning tahun 2009 wiwit sinau basanipun kitab suci Al Quran inggih punika basa Arab. Wekdal samangke kawula taksih dereng saged wicanten basa Arab, pramila kepingin sageda andum pengalaman kaliyan para kisanak ingkang kagungan kersa sinau sesarengan basa Arab gratis saking Internet.

Lumantar mesin pencari situs, kadosta google.com utawi yahoo.com, kisanak saged manggihi sawatawis situs ingkang ngawontenaken pasinaon basa Arab, sarana gratis utawi mbayar. Kaparenga kawula ngaturaken situs ingkang ngawontenaken kursus basa Arab gratis tur sae inggih punika kagunganipun the Institute of the Language of the Quran, ing Toronto, Canada ingkang saged dipun tuweni ing alamat: http://www.lqtoronto.com/.

Situs punika kagungan buku-buku lan sarana pasinaon mawi basa Inggris anggitanipun Dr. V Abdur Rahim guru besar ing Universitas Madina, format PDF ingkang saged kisanak unduh, sarana lillahi ta'ala alias gratis:

Madina Books - Arabic 1 - (120 pages - 10.4 MB)

Madina Books - Arabic 2 - (222 pages - 17.3 MB)

Madina Books - Arabic 3 - (303 pages - 25.6 MB)

Madina Books - Key in English 1 - (61 pages - 7.5 MB)

Madina Books - Key in English 2 - (110 pages - 13.3 MB)

Madina Books - Key in English 3 - (172 pages - 34.6 MB)

Madina Books - Arabic Solutions 1 - (78 pages - 7.3 MB)

Madina Books - Arabic Solutions 2 - (68 pages - 5.7 MB)

Madina Books - Arabic Solutions 3 - (140 pages - 14.5 MB)

Madina Books - handout - Arabic 1 (zip format)

Madina Books - handout - Arabic 2 & 3 (zip format)

Madina Books - Glossary - (120 pages - 43.6 MB)

Kagem kisanak ingkang dereng saged maos aksara Arab, situs punika kagungan buku At-Tibyan (Easy way to Quranic reading) anggitanipun Dr V. Abdur Rahim kaserat mawi format PDF, ingkang dipun lengkapi suwanten cara pangucapanipun ukara, tembung, kalimat aksara Arab ingkang saged kaunduh.

Situs lqtoronto.com ugi kagungan: Video rekaman kuliah (format AVI) lan Audio waosan buku-buku Text (format MP3) ingkang saged kaunduh.

Menawi kisanak nyimak video rekaman kuliah punika kados tumut hadir wonten ing pakuliahan wau.

Wasana sumangga kawula nderekaken sugeng sinau, mugi Gusti Allah maringi barokah lan padanging nalar dumateng kita sadaya sageda sinau basa Quran kanti gampil lir sambekala, amin ya Robal alamin.

Salam taklim kawula

Ki Nikikulo


Ngaji Al Quran